Sambutan tuan rumah dalam acara kumpulan kegiatan di lingkungan RT dalam bahasa jawa
Assalamu'alaikum wr. Wb.
Bismillahirrahmanirrahiim, alhamdulillahi rabbil ‘alamin, washolatu was salaamu ‘ala asyrofil anbiyaa-i wal mursaliina sayyidina wa maulaana muhammadin, wa ‘ala aalihi wa shohbihi ajma’iina. Amma ba’du.
Matur dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten.
Langkung langkung dumateng panjenenganipun Bapak Ketua RT, soho jajaran kepengurusanipun ingkang tansah kawulo hormati,
Dumateng sedoyo Bapak bapak RT ...., soho kadang - kadang anemipun ingkang tansah kawulo hormati ugi,
Langkung rumiyin, sumonggo kito tansah ngujukaken puja lan puji syukur kito dumateng Allah SWT. ingkang sampun paring pinten pinten kenikmatan , hidayah soho inayahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo wonten ing titiwanci puniko, kito saget kempal manunggal silaturahim wonten griyo kawulo, kanthi mboten manggih alangan satunggal punopo.
Sholawat soho salam, katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW. ingkang kito antu antu safa'atipun wiwit gesang wonten ing ndunyo, ngantos dumugi wonten ing yaumil kiyamah sak mangkeh.
Allahumma aamiin.
Sagung poro rawuh ingkang kawulo hormati,
Ingkang sepindah kawulo sak keluwargo ngaturaken sugeng rawuh lan sugeng lenggah dumateng panjenengan sedoyo.
Ugi ngaturaken agunging pangapunten ingkang tanpo pepindan, mbok bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan sedoyo kirang nuju prono.
Ingkang sampun dipun wastani papan palenggahan kirang sekeco, nopo maleh dumugi pasugatan sak mangkeh. Sepindah maleh kulo ngaturaken pangapunten.
Kirang langkung mekaten ingkang saget kawulo aturaken .
Mbok bilih kathah kelepatan soho kekirangan anggen kulo matur, saestu kulo tansah nglenggono nyuwun agunging samudero pangaksomo.
Kawulo akhiri
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Post a Comment for "Sambutan tuan rumah dalam acara kumpulan kegiatan di lingkungan RT dalam bahasa jawa"