Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Sambutan Tuan Rumah acara Tahlilan dalam bahasa jawa

Contoh Sambutan Tuan Rumah acara Tahlilan dalam bahasa jawa

assalamu'alaikum wr wb..
sedoyo poro rawuh ingkang kulo hormati.
Sederengipun kulo sakeluarga ngaturaken matur nuwun sanget atas rawuhipun panjenengan sedoyo ,mugi - mugi langkahipun panjenengan sedoyo dipun dadosaken amal silatarahim ingkang barokah, manfaat lan maslahat kagem gesang kito awit ndunyo ngantos dumugi akhirat mangke.

Dene Panjenengan dipun atur rawuh teng mriki namung badhe kulo suwuni keikhlasanipun supados ndongaaken arwah leluhur kulo ingkang sampun sumare wonten alam leluhur, khususipun almarhum Bapak kulo ingkang saniki sampun angsal setunggal tahun, mugi mugi Allah SWT paring panggenan ingkang sae, diampuni sedoyo dosa - dosanipun lan tansah diparingi nikmat lan rohmatipun Allah SWT.

Selajengipun mbok bilih kulo sakeluargo paring papan panggenan lan ubo sito kirang mranani dumateng Panjenengan sedoyo, kulo nyuwun gunging pangapunten.

Saking kulo cekap semanten...
Wassalamu'alaikum Warrahmatullaahi Wabarakatuh.

Dumatheng Bapak....(imam tahlil) monggo kulo aturaken wekdal secekapipun.


Atau berikut ini dibaca setelah acara selesai :

Assalamu'alaikum wr wb.
Dumateng poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati, kawulo sekeluargo ngaturaken maturnuwun sanget atas rawuhipun panjenengan sedoyo, sampun nyempataken wekdalipun saperlu ndongaaken almarhum bapak kulo ingkang saniki sampun angsal 2 tahun. Mugi mugi almarhum bapak kulo dipun paringi panggenan ingkang sae lan diampuni sedoyo dosa dosanipun.
Semonten ugi mugi mugi langkahipun panjenengan sedoyo dipun dadosaken amal kesaenan ingkang barokah kangge kito gesang teng alam dunyo dumugi teng akherat mbenjang.
Selajengipun mbok bilih anggen kulo sakeluargo paring papan panggenan lan sanes sanesipun kirang mranani dumateng panjenengan sedoyo, kawulo sakeluargo nyuwun gunging pangapunten.
Saking kulo cekap semanten 
Wassalmu'alaikum wr wb.


Post a Comment for "Contoh Sambutan Tuan Rumah acara Tahlilan dalam bahasa jawa"